SlideShow

  • RSS
  • Delicious
  • Digg
  • Facebook
  • Twitter
  • Linkedin
  • Youtube

Sabtu, 21 Mei 2011

Critaku Marang Angin


Mbokmenawa aku pancen wis lumrah yen nandhang kaya mangkene. Sikil lumpuh ora bisa mlaku, awakku sing separo tengen kaya-kaya ya wis arep lumpuh. Panandhangku iki ya awit pokalku dhewe. Lan Gusti banjur ngukum aku kanthi lelara iki. Mangkene critane.

Jenengku Limpat Sarwadora, undang-undanganku Kang Limpat. Aku wis kawentar wong sing sarwa bisa. Apa-apa daklakoni. Mesthi wae sing nguntungake. Nyatane aku tansah bisa entuk bathi.
Wektu kuwi sing nembe dadi rembug bab Pilkada (Pemilihan Kepala Daerah). Sedina muput aku golek sisik melik ngenani Pilkada. Dhaerahku ana calon loro.
Dudu Kang Limpat yen ora bisa mlebu dadi paraga ana ing pemilihan iki. Ora tanggung-tanggung, aku dadi salah sawijining tim sukses. Aku dadi tim sukses jago loro-lorone, kanan kiri oke..
Dadi anggota tim sukses ya lumayan repot, nanging ora apa-apa, awit kabeh ana sing ngragati. Rapat rana-rene, apamaneh wayahe kampanye..., wah kaya pegawe anyaran.
Wektu lumaku ajeg. Dina sing ditemtokake kanggo pilihan bupati wis tekan. Kahanan rame banget. Saben TPS dikebaki pemilih lan botoh. Mbokmenawa ngabotohan iki wis dadi kabudayan.
Lan aku ora preduli sing menang sapa, awit kabeh nguntungake. Ya ngene iki yen wis mumpuni ngelmu blungon. Cedhak ijo dadi ijo, cedhak abang dadi abang. Sing penting bisa nguntungake tumrap aku.
Coba saiki ayo dipikir bareng, yen ngene iki sapa sing bodho lan sapa sing pinter? Ngakua bisa njara langit paribasane yen ora bisa migunakake kahanan iki, kaya aku, ateges wong kuwi kalah pinter yen karo aku. Iki ora ngayawara, nanging iki kasunyatan.
Pemilihan bupati wis rampung. Kabeh lumaku kanthi rancag. Kalebu kabeh usahaku wis ngasilake bathi sing lumayan. Iki durung bathi saka proposal sing mengko bakal mudhun, yen ora kleru ana proposal 14 sing liwat aku. Upama saben proposal mengko entuk persenan satus ewu, yen 14 ateges entuk bathi Rp 1,4 yuta.
Aku krungu kabar yen sawise pemilihan bupati bakal ana seleksi penerimaan pegawai negeri sipil (PNS). Dudu Kang Limpat yen ora bisa nggunakake kalodhangan apik. Sawise entuk warta akurat, aku banjur mubeng golek mangsa. Aku milih wong sing duwe anak sarjana nanging durung entuk pegaweyan. Aku kandha yen bisa nglantarake anake dari pegawe negri. Aku uga kandha yen aku duwe wong penting ing paprentahan.
Aku entuk bocah wolu. Lan saben bocah dakaba dhuwitRp 70 yuta. Separo dibayar keri nalika wis genah dadi pegawe, dene sing separo kudu dibayar saiki.
“Kula nuwun.”
Aku gragapan saka anggonku ngumbar angin. Sapa iki wayah surup ngene kok ana wong mara dhayoh.
“Mangga, tindak mlebet lajeng lenggah,” aku banjur nyalami dhayohku.
“Tekaku mrene mung arep nanjihake, apa kowe pancen bisa nglantarake anakku dadi pegawe negri?” tembunge Pak Brangas rada rangu.
“Kula sampun matur, Pak. Bilih kula punika namung sakderma badhe nulung, awit anggen kula gadhah sesambetan kaliyan tiyang nginggil punika mboten wonten ginanipun menawi mboten kula mupangataken. Kula ugi sampun matur mbokbilih putranipun Bapak mangke mboten saget katut, sedaya wragat ingkang sampun kula tampi badhe kula wangsulaken wutuh mboten kirang sak sen kemawon,” anggonku guneman lirih, pamrihku bisa nakyinake marang Pak Brangas.
“Ya wis yen mangkono. Tembungmu dakgondheli tenan, yen nganti kabeh tembungmu mbokblenjani, aku ora tanggung jawab yen ana apa-apa,” tembunge nadyan alus nanging ngincim. Githokku dadi mrinding.
Dina sabanjure aku nemoni bocah wolu sing bakal daklantarake kuwi. Siji mbaka siji dakkandhani, sanadyan wis nganggo dhuwit ora ateges dadi padha sakpenake dhewe. Soal-soal seleksi kudu digarap sing sabecik-becike, awit sing nglantarake uga duwe rasa pekewuh.
Mongsok bijine wae elek-elek kok bisa katut dadi pegawe. Mula ora ketang sithik kudu bisa gawe dalan dhewe amrih ora banget ketok anggone laku slinthutan. Pokoke aku manti-manti, soal-soal seleksi kudu digarap kanthi becik, lan wiwit saiki kudu sinau sing tenanan.
Sing melu tes pegawe taun iki akeh banget, udakara ana wong 8.000. Dene lowongan sing ana mung 224. Ing batin aku ndonga muga-muga kabeh jagoku bisa lulus anggone seleksi.
Mula nalika dina sing ditemtokake kanggo pengumuman wis tekan, aku enggal nggoleki bakul koran sing padatan dadi langgananku. Koran banjur dakbukak, selak ora sranta anggonku kepengin weruh asil seleksi. Aku unjal napas landhung nalika wis rampung anggonku njlimeti jeneng-jeneng sing ditulis ing koran kuwi. Bocah wolu sing daklantarake, sing ora katut mung bocah loro.
Donya iki katon padhang njingglang. Kabeh sing daksawang katon endah. Esuk iki aku ngombe kopi susu, sarapanku sega anget lan empal sapi, udutku ya sing larang. Mbokmenawa dina iki dadi dinaku. Saka bocah wolu sing daklantarake, bocah enem katut dadi calon pegawe. Dhuwit Rp 420 yuta kelakon mlebu kanthongan.
Satemene aku babarpisan ora duwe sesambungan karo pejabat ndhuwur. Pawitanku mung nekat. Sing dakcedhaki utawa mangsaku ya bocah sing dakanggep mengko bisa klebu. Lan sing genah duwe modhal dhuwit. Sanadyan bocahe pinter nanging yen ora duwe dhuwit ya ora dakcedhaki.
Wektu kuwi ing batin aku ngalem marang awakku dhewe. Yen kepengin pinter mergurua marang aku, Kang Limpat, dakkira lumantar critaku iki kabeh wis padha ngerti satemene sapa sing pinter lan sapa si bodho.
Angin wengi tumiyup alon, kaya-kaya melu ngrewangi anggonku mantha-mantha dhuwit sing wis daktampa. Dhuwit sing satemene reget, ngluwihi rereget sing paling reget ing donya iki.
Lan nyatane Gusti ora sare, aku diukum ing donya iki. Lan aku uga ngerti mbesuk aku isih kudu ngadhepi pradatan agung sing digelar Panjenengane.

Dening ::Al Aris Purnomo::
Edisi : Kamis, 27 November 2008 , Hal.C
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id
Asma  : Wardah Hanani Pangestu
Kelas : VIII A
No      : 14



0 komentar:

Posting Komentar

 
  • Blogroll

  • Consectetuer

  • Popular

  • Comments